Lirik lagu "Oh My Pumpkin! (Jawa Version)"
"Oh My Pumpkin! (Jawa Version)"
Panase dalanan aspal iki
Rasane koyok arep dipanggang
Aku ngontel sepeda
Sak kuate tak pancal
Teles kebes koyok ados keringet
Prei mangsa telu sue temen
Ora iso ketemu awakmu
Akhire aku metu menyang kolam renang
Langsung mak jebur neng njerone
Pas aku tresno karo awakmu
Rasane koyok pas mangsa ketelu
Aduh opo sing kudu tak lakoni?
Oh my pumpkin!
Neng kono awakmu
Tresnoku waluhku
Ora nyongko awakmu tibakne seng renang
Koyok ora sengojo ku nyawang iwak dugong
Aku ora iso ngandel
Oh my pumpkin!
Wong sing tak tresnani
Nglirik o merene
Sekedap mawon
Tulung delok en awakku
Aku nuwun awakmu ngawe awe neng aku
Yo iki siji pengarapku
Akeh bocah-bocah renang ro guyon
Nyiprati banyu nganggo sikil
Aku maleh pengen nyiprati koyok bocah-bocah
Pokok e ora gelem kalah
Roso tresno iki ora iso di dem dem nganggo ademe banyu kolam
Apik e momen kalih sampeyan
You're my pumpkin!
Cedek tapi adoh
Tresnoku waluhku
Sawangane suoro atiku iso krungu
Karo konco-koncomu mbok gawe andukmu
Cangkruk an neng pinggir kolam renang
You're my pumpkin!
Seng tak nggomunake
Tresno ora nyambung
Aku seneng iso ketemu karo awakmu
Sokmben aku bakal iling karo dino iki
Mangsa ketelu paling panas
Oh my pumpkin!
Neng kono awakmu
Tresnoku waluhku
Ora nyongko awakmu tibakne seng renang
Koyok ora sengojo nyawang iwak dugong
Aku ora iso ngandel
Thanks to AyaKachow for adding these lyrics.
- AZLyrics
- J
- JKT48 Lyrics